Saturday, October 13, 2007,10/13/2007 12:59:00 AM
Lebaran... Lebaran...

Lihat Kartu Ucapan Lainnya (KapanLagi.com)
 
posted by tari
Permalink ¤ 0 comments
Monday, October 08, 2007,10/08/2007 12:37:00 AM
Basa

Kabar kabur... lagi males banget nulis. Ora mergo kakehan gawean ning memang lagi wegah wae.

Pirang- pirang dino kepungkur aku ngobrol karo tangga cedak omah soal basa utawa dialek wong kene; romagnol.Basa romagnol memang beda banget karo basa Italia malah luwih mirip karo basa Perancis.Aku takon karo ibu kuwi; apa dewekke isih iso basa romagnol. Jawabane: ora. Mergone wong tuane dhisik ora ngajari , wedine nek bingung pas sekolah. Neng sekolah kene nganggo basa nasional yakuwi basa Italia. Terus aku takon maneh; lha nek generasi sing nom ora do iso dialek romagnol apa mengko suwe suwe ora mati mergo ora ana sing ngomongke.Ibu kuwi mau sing umure kiro kiro patang puluhan tahun lan anak anake ibu kuwi jupuk les basa perancis lan inggris bubar sekolah lan ora iso blas basa romagnole, mung mesem karo jawab; lha makane ana kebudayan daerah pertunjukan puisi, musik lan joget romagnol.

Mergo obrolanku karo ibu kuwi aku dadi nulis tulisan sing ora mutu iki. Aku dewe krasa nek saiki aku wis orang lancar basa jawa krama apa maneh krama inggil mergo ora tau ngomong.Malah ana ponakanku sing saiki kelas loro SMP sing neng rapot entuk biji abang neng pelajaran Bahasa Daerah ( Jawa) tapi neng basa Inggris entuk biji songo. Wektu tak takoni ponakanku jawabane; bahasa Jawa ki angel... Nek dipikir- pikir.. ora lucu banget.. basane wong liya iso neng basane dewe malah ora iso. Mbuh wis..

Labels: ,

 
posted by tari
Permalink ¤ 3 comments